Nagih janji

Tuesday, August 09, 2011

Nagih janji

kelingan rikolo urip bebarengan.....

bungah susah kabeh rapati alangan....

sanajan sedino mung mangan sepisan

ati seneng anggone uriip bebrayan.....

nanging sak iki uripmu uwis mulyo....... 

banjur lali rikolo jaman semono...

mangan enak turu penak kerjo penak.....

jur lali marang aku seng ngrumat anak.....

tego tenan sliramu marang awakku.......

mbok tinggal lunggo suwe opo daya ku.....

sak iki tak tanggih engtepati janjimu....

lali aku ojo lali anakmu.....

anak mu sak iki wes gede gede..... 

pengen nyuwun perso sopo to bapak e....

udan tangis ati ku tambah nelongso......

neng ati ku soyo mbok sio sio...

***************
yo ngerti wes suwe anggonku lunggo....

nggon ku urip adu nasib ono kutho..

aku ninggal anak bojo lan wong tuo....

urip neng deso tansah keloro-loro....

ancen sak iki uripku wes mukti...

nangging ojo mbok anggep aku wes lali...

njroneng ati tansah ono sliramu...

luweh luweh dadi sumpah njroneng atiku..

pancen sumpah njronening atiku...

yen durung biso keturutan karepku...

aku ra bakal lali mreng wekasannmu

mung tak jaluk sabar ngenteni tekaku...

yen anakmu takon sopo bapak e...

kui kabeh ngunu wes ono tengere...

kandanono aku sek nyambut gawe....

nggo mulyakne anakmu kelawan kowe... 2x


nagih janji VERSI KOPLO

anak kecil memijakkan ke bumi tanpa alas kaki di tengah ganduhnya kota..

Artikel Terkait

Previous
Next Post »